BLOG INI.........DIPUBLIKASIKAN SEJAK 30 JANUARI 2010..........Subhanallah walhamdulillah wa laa ilaha illallah wallahu akbar....... Astaghfirullaahal 'adzhiim, walil muslimiina wal muslimaat.....Mil ladun aadama ilaa yaumil qiyaamah......Amiin yaa rabbal alamiin.....Allahumma shalli ‘ala Muhammad wa ‘ala ali Muhammad.......Ya Allah, lindungilah negeri ini dari kejahatan maupun perbuatan serta persengkokolan orang-orang munafik........SEMOGA ALLAH SWT MERIDHOI AMAL & KEBAJIKAN YANG KITA LAKUKAN....AMIIN YAA RABBAL ALAMIIN...HIDUP MULIA ATAU MATI SYAHID.........

>

Jumat, 09 Oktober 2020

KIDUNG WAHYU KOLOSEBO............(ALIP BA TA)


KIDUNG WAHYU KOLOSEBO

        Sri Nalendra Kalaseba

 

Rumekso ingsun laku nisto ngoyo woro

kelawan mekak howo, howo kang dur angkoro

senajan setan gentayangan tansah gawe rubedo

hinggo pupusing jaman

 

hameteg insun nyirep geni wiso murko

meper hardaning ponco saben ulesing netro

sinambaran sih kawelasan ingkang paring kamulyan

sang hyang jati pangeran

 

jiwanggo kalbu samodro pepuntoning laku

tumuju dateng Gusti dzat kanga amurbo dumadi

manunggaling kawulo Gusti krenteg ati bakal dumadi

mukti ingsun tanpo piranti

 

sumebyar ing sukmo madu sarining perwito

maneko warno prodo mbangun projo sampurno

sengkolo tido mukso kolobendu nyoto sirno

tyasing roso mardiko

 

mugiyo den sedyo pusoko kalimosodo

yekti dadi mustiko sakjroning jiwo rogo

bejo mulyo waskito digdoyo bowo leksono

byar manjing sigro sigro

 

apuh sepuh wutuh tan keno iso paneluh

gagah bungah sumringah ndadar ing wayah wayah

satriyo toto sembodo wirotomo katon sewu kartiko

kataman wahyu kolosebo

 

memuji ingsun kanti suwito linuhung

segoro gando arum swuh rep dupo kumelun

tinulah niat ingsun hangidung sabdo kang luhur

titahin sang hyang agung

 

rembesing tresno tondo luhing netro roso

roso rasaning ati kadyo tirto kang suci

kawistoro jopo montro kondang dadi pepadang

palilahing sang hyang wenang

 

nowo dewo jawoto talisantiko bawono

prasido sidikoro ing sasono asmoro loyo

sri narendro kolosebo winisudo ing gegono

datang gingsir sewu warso


TIME IS SWORD